Ayok kita belajar bersama ,membahas tentang pelajaran ,berbagi soap soal dan pelajaran yang mudah

Rabu, 13 Juli 2022

Wulangan 1 Bab Tata Krama


Berikut dibawah Adalah soal wulangan 1 Bab Tata Krama dan jawabannya 

A. Wangsulana pitakon-pitakon ana ing ngisor iki kanthi cara ngeping (X) ana ing aksara a, b,c, d utawa e, minangka wangsulan sing koanggep paling bener dhewe!

1.Tembung pitakon sing mathuk kanggon gandhakake isine wara-wara yaiku ....

a. Apa sing dibiwarakake sajroning wara-wara iku?

b. Sapa sing nulis wara-wara iku

c.Dhek kapan wara-wara iku dibiwarakake

d. Papane ana ngendi wara-wara iku

e. Kepiye tanggapane masarakat tumrap

wara-wara iku?

Jawabannya : a. Apa sing dibiwarakake sajroning wara-wara iku ?


2.Perangane wara-wara sing nuduhake

kalungguhane wong sing tanggung jawab

tumrap wara-wara iku diarani...

a.irah-irahan

b.pambuka

c.isi

d peprenah

e tandha tangan

Jawabannya: d.peprenah


3.Prayogane basa sajroning wara-wara iku

kudu ....

a.akeh basane kawi

b.akeh basanemanca

c. gampang dimangerteni

d. basa sing dakik-dakik

e.basa sing endah

Jawabannya: C. Gampang dimangerteni


4.Wara-wara kang isine ngarep-arep tekane

para tamu yaiku ...

a.wara-wara paturan

b. wara-wara iber-iber

c.wara-wara sedhahan

d.wara-wara pratelan

e.wara-wara sayembara

Jawabannya : c.wara-wara sedhahan


5.Wara-wara sing isine narik kawigatene para

warga sing arep padha tuku diarani....

a.pratelan

b.iber-iber

c.lelayu

d.pariwara

e.ambal warsa

Jawabannya: d.pariwara


6.Wara-wara lelayu iku dibiwarakake amarga..

a. ana wong lagi sepasaran bayi

b.ana wong lagi sunatan

c.ana wong lagi tetakan

d.ana wong lagi dadi manten

e.ana kulawarga nandhang sungkawa

Jawabannya: e.ana kulawarga nandhang sungkawa


7.Sajroning parikan dumadi saka ...

a.saukara

b.rongukara

c. telung ukara

d. patang ukara

e. limang ukara

Jawabannya: b.rong ukara


8.Saben saukara sajroning parikan iku dumadi

saka ...

a. rong gatra

b. telung gatra

c.patang gatra

d. limang gatra

e.enem gatra

Jawabannya: a.rong Gatra


9.Ukara kapisan sajroning parikan iku diarani..

a. pumama

b. purwaka

c.wose

d. panutup

e.isi

Jawabannya: b.Purwaka


10."Pitik walik, saba kebon, tiwas nglirik ra kelakon". Parikan iki dumadi saka ....

a. 4 wanda + 4 wanda

b. 4 wanda + 5 wanda

c. 4 wanda + 6 wanda

d. 4 wanda + 8 wanda

e. 8 wanda + 8 wanda

Jawabannya: d. 4 wanda + 8 wanda


11."Iwak kutuh, mlebu ngerong. Parikan sing

cocok yaiku ....

a. wong sing mabuk, mripate mencorong

b.mripat ngantuk, weteng kothong

c. mripat ngantuk, mlebu lodhong

d. mripat ngantuk, kaose oblong

e. mripat ngantuk, kupinge bolong

Jawabannya: b.mripat ngantuk, weteng kothong


12."Ana sopir, ngombe tuwak ....

a. kocar kacir, merga diguwak

b. ja kuwatir, yen ajak-ajak

c. wegah mikir, banjur njaplak

d. kali banjir, malah penak

e. jangan cipir, krasa enak

Jawabannya: c. wegah mikir, banjur njaplak


13.Menyang kutha tuku clana, kurang dhuwit

ora sida.

Piwelingku mring pra mudha, ....

a. sing padha sregep mangan sega

b. yen ra mathuk digawa lunga

c. sing ajeg anggone rekasa

d.ngajenana mring wong tuwa

e.ora perlu urip sing neka-neka

Jawabannya: d.ngajenana mring wong tuwa


14.Tembang dolanan sing isine kerep nganggo cakepan parikan ya iku..

a. Jaranan

b. Gundhul-gundhul pacul

c. Cublak-cublak suweng

d. Menthok-menthok

e. Suwe ora jamu

Jawabannya: e. Suwe ora jamu

 15. Adat sing ditindakake kanthi terus -temurun iku diarani...

a.budaya

b.kelangenan

c.masukan

d.tradisi

e.tatacara

Jawabannya: d.tradisi


Itu adalah soal dan jawaban bab tata Krama semoga membantu




0 komentar:

Posting Komentar